Rabu, 13 Maret 2013

Contoh Sesorah Bahasa Jawa

Contoh Sesorah

Assalamu’alaikum wr.wb.
Panjenenganipun Bapak Kunadi,S.Pd,.M.Pd minangka Kepala Sekolah SMPN 7 Kota Magelang ingkag dhahat kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang kinurmatan.
rencang-rencang kula kelas tiga, adik-adik kelas wolulan lan adek-adek kula kelas pitu.
Sumangga rumiyin kula tuwin panjenengan sedaya munjukaken puja puji syukur ngrasaning Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun kepareng paring kamirahan dhateng kula tuwin panjenengan sedaya, pramila wonten kalodhangan punika saged makempal wonten adhicara palepasan kawula lan rencang-rencanf kelas tiga kanthi wilujeng nir ing sambekala.
    Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng tamu undangan, rencang-rencang kula kelas tiga, adik-adik kelas wolulan lan adek-adek kula kelas pitu ingkang supados dhumateng gingkang acara sak punika.
    Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kita kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga. Lan adik-adik kelas kula dingapunten yen kula kang mas lan mbak yu kathah kalepatan. Adik-adik kedah semangat supados bocah kang bisa banggakake sekolah iki.

Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung. 
 Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar